Idul Adha dan Kepahlawanan

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَسْتَهْدِيْهِ، وَنَعُوذُ بِاللهِ تَعَالَى مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ، وَمَنْ لَمْ يَجْعَلِ اللهُ لَهُ نُوْرًا فَمَا لَهُ مِنْ نُوْرٍ. إِلَيْهِ اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ اْلمَلِكُ اْلعَظِيْمُ اْلاَكْبَرْ وَاَشْهَدٌ اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. أَمَّا بَعْدُ قَالَ اللهُ تَعَالَى: إنْ يَمْسَسْكُمْ قَرْحٌ فَقَدْ مَشَّ اْلقَوْمُ قَرْحٌ مِثْلُهُ وَتِلْكَ اْلأَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ النَّاسِ وَلِيَعْلَمَ اللهُ الَّذِيْنَ أَمَنُوْا وَيَتَّخِذَ مِنْكُمْ شُهَدَاءَ ، وَاللهُ لاَ يُحِبَّ الظَّالِمِيْنَ
Para hadirin sidang jumah ingkang dipun rahmati Allah SWT
Sedaya pangalembana kagunganipun Allah ingkang mengku sedaya ngalam. Rahmat tuwin kawilujengan mugi tansah kaparingaken dhateng junnjungan saha kekasih kita Nabi Muhammad SAW kulawarga lhan sahabatipun ingkang tansah tuhu nindakaen dhawuh-dhawuhipun, lumeberipun dhateng sedaya kaum muslimin ingkang mboten badhe pegat saking ngibadah. Amin. .
Para sedherek muslimin ingkang minulya.
Kula ngajak dateng para sedherek sedaya mangga-mangga kita sedaya pupung taksih gesang samiya aningkataken taqwa kita dateng Allah SWT. Kanthi anindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah ingkang wonten ing Al Qur’an. Makaten ugi anebihi sedaya tumindak ingkang mboten sae. Ingkang supados gesang kita pikantuk karidlan saking ngarsaning Allah SWT. wilujeng lan begja wonten dunya lan akhirat. Naming kanthi taqwa dateng Allah punika para sedherek ingkang nyebabaken kita badhe manggih kabegjan ingkang saestu.
Para hadirin sidang jumah ingkang dipun rahmati Allah SWT
Wanten ing wulan menika kita bangsa Indanesia badhe mengeti dinten pahlawan ingkang biasa dipun pengeti wonten ing tanggal 10 November tiap tahunipun kagem mengenang perjuangan para pejuang lan para suhada ingkang sampun berjuang kagem bangsa kita. Wonten ing wulan menika ugi kita umat islam badhe ngrayaaken dinten riyaya qurban utawi riyaya haji ingkang tiap tahunipun dipun rayaakaken tiap tanggal 10 dzulhijjah ingkang tahun menika inysyaAllah dawah wonten ing dinten Rabu wage 17 November 2010.
Para hadirin sidang jumah ingkang dipun rahmati Allah SWT
Saking kalih pengetan kala wau gadahi persamaan inggih punika pengemut-emut pangeling-iling dateng perjuangan sae perjuangan kagem nusa lan bangsa ugi perjuangan dateng nglampahi perintah pengeran.
Ayat ingkang kaaturaken wanten ing awal khutbah kala wau gambaraken bilih perjuangan Rasulullah SAW menika nglampahi perjuanagan ingkang sekuat tenaga lan perjuangan ingkang katah cabinipun termasuk nate ngraosaken kekalahan wonten ing medan perang. Awit saking menika kita ingkang ngaku dados umat muslim umatipun nabi Muhammad ampun nate ajrih lan susah bilih terkadang kita angsal musibah.
Kita ugi saget mersani lan ningali dateng kesabaran lan ketabahnipun nabiyullah Ibrahim lan putranipun Ismail AS. Nalika dipun perintahaken ngorbanaken jiwanipun ismail nalika takseh alit.
Kepahlawanan senantiasa nuntut pangorbanan. Intinipun sak ciliki napa kemawan lan sesederhana napa kemawan tindakan kita dateng tiang sanes lan bermanfaat dateng tiyang sanes saget nyebabaken kita dados pahlawan. Mangga kita ngukir kepahlawanan kita kanthi bantu sederek-sderek kita ingkang nembe kengeng musibah, musibah tsunami utawi musibah gunung merapi kanthi dasar padas ridhla Allah SWT. Khanti cara ingkang santun lan tanpa pamrih punapa kewaman. Mugi khanti cara punika kita termasuk tiyang ingkang nuladani para pahlawan lan para nabi sehingga kita saget angsal ridhla saking Allah SWT. Amin
أعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطنِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ. إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بما فيه مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ. فَاسْتَغْفِرُوْا اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Categories: KUTBAH JUMAT BAHASA JAWA | Tags: | Tinggalkan komentar

Post navigation

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Blog pada WordPress.com. Theme: Adventure Journal by Contexture International.

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

Bergabunglah dengan 564 pengikut lainnya.