اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَأَشْكُرُهُ وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ وَأَسْتَغْفِرُهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَإِمَامِ الْمُتَّقِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الطَّيِّبِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ، يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَ مَنْ يَتَّقِ اللهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا وَ يَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ، فَاتَّقُوْا اللهَ يَا عِبَادَ اللهِ. وَ قَالَ اللهُ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا قُمْتُمْ إِلَى الصَّلَاةِ فَاغْسِلُوا وُجُوهَكُمْ وَأَيْدِيَكُمْ إِلَى الْمَرَافِقِ وَامْسَحُوا بِرُءُوسِكُمْ وَأَرْجُلَكُمْ إِلَى الْكَعْبَيْنِ ۚ …..الاياة. اَمَّا بَعْدُ
Para hadirin sidang jum’ah ingkang dipun rahmati Allah SWT
Mangga kita tansah muji syukur dateng Allah amargi namung kanthi kasih lan sayangipun dateng kita, kita sedaya taksih dipun paringi kasempatan tindak ing papan punika saperlu jamaah salat jum’at. Kawilujengan saha kasalamatan mugi tansah kaparingaken dhateng junjungan saha kekasih kita nabi Muhammad SAW kulawarga lan sahabatipun ingkang tansah tuhu nindaakaen dhawuh-dhawuhipun, lumeberipun dhateng sedaya kaum muslimin lan mukminin mugi-mugi termasuk kita sedaya. Amin.
Para sedherek muslimin ingkang minulya.
Kula ngajak dateng para sedherek sedaya mangga-mangga kita sedaya pupung taksih gesang ing dalam wulan Ramadhan menika samiya aningkataken taqwa kita dateng Allah SWT. Kanthi anindakaken dhawuhipun Allah. Makaten ugi anebihi sedaya tumindak ingkang mboten sae ingkang dipun larang dening Allah, ingkang supados gesang kita pikantuk karidlan saking ngarsaning Allah SWT, wilujeng lan begja wonten dunya lan akhirat.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Suci, inggih punika keadaan awak terbebas saking sedaya kotoran, najis lan hadast. Ing dalem ilmu fiqih sedaya imam madzhab sepakat bilih hadast alit saget dipun suceni kanthi wudlu lan hadats gede sagete suci kanthi nglampahi siram utawi adus. Agami Islam ngajaraken tentang kesucian lan kebersihan kanti dasar, Sabda rasulullah:
الطُّهُورُ شَطْرُ الْإِيمَانِ )….الحديث)
“sesuci iku separoh saka keimanan ….” nerusno sira ing hadits (HR. Muslim),
Sehingga ajaran menika saget kita tinggali lan kita pelajari ing dalem kitab-kitab fiqih ingkang hampir sedaya kitab fiqih ngawali pembahasan ing awal babipun kanthi bab Taharah utawi sesuci.
Ing Dalam surat al-Mudatsir ayat ke 4-5 ugi dipun terangakan.
وَثِيَابَكَ فَطَهِّرْ – وَالرُّجْزَ فَاهْجُرْ
Lan sandanganmu resikono. Lan panggawean dosa tinggalno
Saking ayat menika nedahaken bilih resik lan sucinipun raga badhe nuntun dateng resikipun lan sucinipun jiwa utawi manah.
Jama’ah Jum’at Rahimakumullah
Kanjeng nabi sampun maringi pituduh lan gambaran dateng kita sedaya magepokan kaliyan sesuci kanthi Sabdanipun ingkang dipun riwayataken dening Imam Muslim saking Abi Hurairah
إِذَا تَوَضَّأَ الْعَبْدُ الْمُسْلِمُ أَوِ الْمُؤْمِنُ فَغَسَلَ وَجْهَهُ خَرَجَ مِنْ وَجْهِهِ كُلُّ خَطِيئَةٍ نَظَرَ إِلَيْهَا بِعَيْنَيْهِ مَعَ الْمَاءِ أَوْ مَعَ آخِرِ قَطْرِ الْمَاءِ فَإِذَا غَسَلَ يَدَيْهِ خَرَجَ مِنْ يَدَيْهِ كُلُّ خَطِيئَةٍ كَانَ بَطَشَتْهَا يَدَاهُ مَعَ الْمَاءِ أَوْ مَعَ آخِرِ قَطْرِ الْمَاءِ فَإِذَا غَسَلَ رِجْلَيْهِ خَرَجَتْ كُلُّ خَطِيئَةٍ مَشَتْهَا رِجْلاَهُ مَعَ الْمَاءِ أَوْ مَعَ آخِرِ قَطْرِ الْمَاءِ حَتَّى يَخْرُجَ نَقِيًّا مِنَ الذُّنُوبِ
” nalikane wudlu sapa kawula kang muslim utowo mukmin, nuli masuh wajahe mangka metu saka wajahe sekabehane kesalahan (dosa) pandangan kang den lakoni mripat bebarengan karo banyu utawa bareng karo tetesan banyu kang terakhir. Nuli nalikane basuh tangan lorone mangka metu saka tangan lorone sekabehane kesalahan kang den lakoni kelawan tangan bebarengan karo banyu utawa bareng karo tetesan banyu kang terakhir. Nuli nalikane basuh sikil lorene mangka metu saka sikil lorone sekabehane kesalahan kang den lakoni kelawan sikil lorone bebarengan karo banyu utawa bareng karo tetesan banyu kang terakhir. Sehingga akhire deweke bakal metu dalam keadaan resik saka dosa-dosa.
Ma’asyiral Muslimin, Jama’ah Jum’at ingkang dipun mulyaaken Allah.
Hadits ing nginggil kala wau buktiaken bilih bersuci, khususipun wudlu menika gadahi keistimewaan ingkang luar biasa, mboten namung setunggaling ibadah ritual kemawon ananging gadahi makna spiritual. Kanthi kita sami wudlu menika, secara otomatis Allah badhe ngampuni sedaya dosa-dosa alit kita, sesarengan kalian tetesanipun toya ingkang kita ginaaken kagem wudlu kala wau. Awit saking menika mangga ing pungkasanipun khutbah menika kita ngajak, mangga kita berusaha jagi wudlu kita sehingga kita senantiasa terjagi kesucian lan kebersihan raga lan manah kita suci lahir lan batin. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الايَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْم اَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْم لِى وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Spiritual Ing Dalem Ritual Wudlu
Categories: KUTBAH JUMAT BAHASA JAWA
Tinggalkan komentar